("GET CODE")

GET CODE

Senin, 18 November 2013

Kumpulan Geguritan


Apa- Apa

Ndhisik..
Aku dudu apa-apa
Ora bisa apa-apa
Jalaran..
Ora duwe apa-apa
Banjur..
Aku wis bisa apa-apa
Wis duwe apa-apa
Durung cukup kanggo apa-apa
Wingi...
Aku wis apa-apa
Wis bisa apa-apa
Jalaran...
Wis duwe apa-apa
Saiki..
Aku wis kalebu apa-apa
Bisa apa-apa
Jalaran..
Wis duwe apa-apa
Nanging..
Wis ora entuk apa-apa
Amarga bisa gawe aku tambah apa-apa


Panuwun

Aku ora ngerti piye anggonku  arep sambat
Amarga aku pancen durung bisa nintingi
Apa iku laras pelog apadene slendro
Endi krama, endi ngoko
Bisaku mung mbengak karo mbengok
Tanpa paugeran kang gumathok
Nanging sesembatku kudu sigeg
Nalika katon ing pandulu
Para sutresna basa jawa
Kang setya tuhu
Kanthi lelmbaran lila legawa
Anggladhi lan menuntun si mudha
Supaya ora adoh
Saka bara lan budaya Jawa
Dene bisaku amung ngedalake
Panuwun kang kinira



Cita –CitaKu
Esuk awan bengi aku sinau
Kanggo nemtokake cita-citaku
Ora ana wektu kanggo nyenengake atiku
Nanging semangatku nyagak sinau
        Aku sinau sedina-dina
        Tansah ngestokake dhawue wong tua
        Aku kudu entuk juara
Gusti oh Gusti
Paringana rido awak kula iki
Supaya aku sesuk bisa bekti negri
Ooh .. Abot kaya ngene angele
Nanging aku kuduh bisa nelakake
Kanggo ngimbangi rekasane wong tua
Wong tua men lega atine
            Putrane bisa kekabul panyuwune


PAHLAWAN
Pahlawanku..
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Kerajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
                   Pahlawanku
                   Mugya Gusti paringi nugraha
                   Semana gedhe bektimu
                   Jiwa raga, bandha donya
                   Tanpa sisa
                   Amung siji tujuanmu
                                      Merdika


Segara Aru

Bener,pener ,yekti
Sliramu dadi seksi
Seksipahlawan sejati
Pahlawan mulia aran awit bekti
Ngemu madu
Menduning bangsa satuhu
Kang asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa lan raga
                        Ing Segara Aru



 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar