Apa- Apa
Ndhisik..
Aku dudu apa-apa
Ora bisa apa-apa
Jalaran..
Ora duwe apa-apa
Banjur..
Aku wis bisa apa-apa
Wis duwe apa-apa
Durung cukup kanggo apa-apa
Wingi...
Aku wis apa-apa
Wis bisa apa-apa
Jalaran...
Wis duwe apa-apa
Saiki..
Aku wis kalebu apa-apa
Bisa apa-apa
Jalaran..
Wis duwe apa-apa
Nanging..
Wis ora entuk apa-apa
Amarga bisa gawe aku tambah apa-apa
Aku ora ngerti piye anggonku arep sambat
Amarga aku pancen durung bisa nintingi
Apa iku laras pelog apadene slendro
Endi krama, endi ngoko
Bisaku mung mbengak karo mbengok
Tanpa paugeran kang gumathok
Nanging sesembatku
kudu sigeg
Nalika katon ing
pandulu
Para sutresna basa
jawa
Kang setya tuhu
Kanthi lelmbaran lila
legawa
Anggladhi lan
menuntun si mudha
Supaya ora adoh
Saka bara lan budaya
Jawa
Dene bisaku amung
ngedalake
Panuwun kang kinira
Cita
–CitaKu
Esuk awan bengi
aku sinau
Kanggo
nemtokake cita-citaku
Ora ana wektu
kanggo nyenengake atiku
Nanging
semangatku nyagak sinau
Aku sinau sedina-dina
Tansah ngestokake dhawue wong tua
Aku kudu entuk juara
Gusti oh Gusti
Paringana rido
awak kula iki
Supaya aku
sesuk bisa bekti negri
Ooh
.. Abot kaya ngene angele
Nanging
aku kuduh bisa nelakake
Kanggo
ngimbangi rekasane wong tua
Wong
tua men lega atine
Putrane bisa kekabul panyuwune
Pahlawanku..
Nyiram
ibu pertiwi
Nadyan
sang ibu
Kudu
muwun sedhih
Kerajang-rajang
manahe
Karujit-rujit
rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paringi nugraha
Semana gedhe bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji tujuanmu
Merdika
Bener,pener ,yekti
Sliramu dadi seksi
Seksipahlawan sejati
Pahlawan mulia aran awit bekti
Ngemu madu
Menduning
bangsa satuhu
Kang asma
Yos Sudarso iku
Korban jiwa
lan raga
Ing Segara Aru